28 April, 2020

SOAL UJIAN BAHASA JAWA KELAS 5 SEMESTER GENAP


Wacanen kang patitis!
Dewi Shinta
Ing pewayangan, Dewi Shinta ora mung ayu rupane, nanging uga luhur bebudine.Garwane Raden Rama Wijaya sing banget anggone tresna lan setya tuhu marang kang raka. Kabukten nalika diculik Rahwana disingitake ing negarane Alengkadiraja. Dewi Shinta arep dipundhut garwa dening Rahwana.Malah diiming-imingi lan dijanjeni arep diwenehi kabeh bandha dunya sing ana Alengka yen ta gelem dipundhut garwa. Nanging kabeh mau ora nglunturake kasetyane marang garwane, lan tetep kukuh ora gelem dipek garwa dening Rahwana. Pancen Dewi Shinta bener-bener luhur bebudine.
Ilange Dewi Shinta banget gawe trenyuhe Raden Rama Wijaya. Sakabehing panggon wis diubek, nanging ora bisa nemokake Dewi Shinta. Rama Wijaya ora pupus anggone nggoleki garwane, terus-lan terus kudu nganti bisa ketemu.Nalika Rama Wijaya wis judheg penggalihe eling lan njaluk pambyantu marang Anoman .Alengka digawe karang abang, diobong dening Anoman.Dewi Shinta slamet banjur digawa kondur dening Rama Wijaya.

I.    Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor miturut wacan!
1  1. Apa janjine Rahwana supaya Dewi Shinta gelem dipek garwa?
.............................................................................................................................................
2  2.Sapa sing aweh pambyantu marang Rama Wijaya?
.............................................................................................................................................
3  3. Ing ngendi Dewi Shinta disingitake?
...............................................................................................................................................
4  4. Kapan Rama Wijaya njaluk pambyantu marang Anoman?
............................................................................................................................................... 
5  5. Geneya Rama Wijaya trenyuh penggalihe?
.............................................................................................................................................